Jelasno opo sing di maksud ukara langsung lan ukara tak langsung
B. Daerah
naufalbarab26
Pertanyaan
Jelasno opo sing di maksud ukara langsung lan ukara tak langsung
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Ukara langsung (Ukara Kandha) yaiku ukara ingkang dipocapake secara langsung. Ukara tak langsung (Ukara Crita) yaiku ukara ingkang nyeritakake omongane wong liya.
Pembahasan
UKARA LANGSUNG (UKARA KANDHA)
Ukara langsung yaiku ukara ingkang dipocapake secara langsung. Tuladhane :
- Bapak ngendhika, “Aku ameh tuku bakso”.
- “Tulung tukokake sayur”, Dhawuhe ibu.
- Guru Ngendika “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”
- Presiden ngendika “Toleransi iku kudu dijaga.”
- “Bocahe wis ayu yo pinter masak”, jarene kancaku.
UKARA TAK LANGSUNG (UKARA CRITA)
Ukara tak langsung yaiku ukara ingkang nyeritakake omongane wong liya. Tuladhane :
- Bapak ngendhika yen arep lungo tuku bakso.
- Ibu dhawuh jaluk tulung ditukokake sayur.
- Ngendikane guru, murid kudu sregep sinau ben pinter.
- Ngendikane presiden, toleransi iku kudu dijaga.
- Kancaku kanda yen bocahe wis ayu yo pinter masak.
Pelajari Lebih Lanjut :
- Tuladhane 10 Ukara Kandha lan Crita, waca ing https://brainly.co.id/tugas/7665354
- Tuladha tembung crita, waca ing https://brainly.co.id/tugas/14414147
- Ukara langsung dadi tak langsung, waca ing https://brainly.co.id/tugas/17395579
Detail Jawaban
Kelas : VIII
Mapel : B. Daerah
Bab : Bahasa Jawa – Ukara Kandha lan Crita
Kode : -
Kata Kunci : Kalimat Langsung, Kalimat Tak Langsung, Ukara Crita, Ukara Kandha.
Pertanyaan Lainnya